Rabu, 23 Januari 2013

Atur Pasrah pinanganten Kakung

Contoh atur pasrah pinganten Kakung yang singkat dan gampang dihafal

Assalamu alaikum wr. Wb
Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin
Panjenenganipun Bapak Semin sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelenggahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa Tugiman ingkang pantes sinugata ing tata krami. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa Darmo sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas

Jono dene wigatosing perlu nuninggih mekaten:
Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa Darmo sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa Semin sekaliyan garwa dalasan sedaya kulawangsa.
Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas Jono mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa Semin ingkang nama rara ayu Tumi miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengombyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancar tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.
Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Home Contact Me DMCA Policy RSS Twitter Facebook Internasional Nasional Tenologi » Sports Hiburan » Kata Mutiara Kesehatan Gaya Hidup Thursday, Jan 24. Berita Terbaru » Recent Posts Comments Cara Agar Motor Aman Dari Pencurian Saat Parkir Harga Mobil Murah Paling Diminati Di Indonesia 2013 Profil Ajun Perwira Personel The Junas Monkey Profil Greyson Chance Ramalan Jodoh Memilih Pasangan Hidup Yang Baik 2013 Cerita Humur Lucu Abu Nawas Mengandung Nasehat Link Iklan 125 Deskripsi Iklan Deskripsi Iklan Deskripsi Iklan Deskripsi Iklan Daily Video Advertisement Otomotif Misteri Kata Mutiara Internet Copyright © 2012 Berita Terbaru. All rights reserved. baca selengkapnya di: http://www.eraberita.com/2012/08/mengetahui-ciri-bakso-mengandung.html Copyright by eraberita.com Terima kasih

0 komentar:

Posting Komentar

jangan
lupa beri coment

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More